Tari Dolalak, Purworejo – Ing sela-selaning wektu rikala ngayahi tugas mahargya kabudayan ing wewengkon Kabupaten Purworejo Jawa Tengah (28/7), admin Balai Pengembangan Seni Budaya dan Bahasa Daerah Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah bisa teka ana ing Desa Wadas. Desa Wadas minangka salah sawijing desa ing Kecamatan Bener, Kabupaten Purworejo, Provinsi Jawa Tengah. Dene Kecamatan Bener iku mau kalebu kecamatan sing wewatesan langsung karo Kecamatan Salaman, Kabupaten Magelang.
Paribasan ketiban duren, dino iku admin bisa ditemoni langsung dening Ibu Rita Setyo Mihayu, Amd. Kepala Desa Wadas saperlu pengin mengerteni babagan kabudayan utamane kesenian tradisi kang isih dipepetri dening warga masyarakat desa Wadas. Panjenengane mratelakake menawa ing desane ana salah sawijing sanggar tari tradisi yaiku Sanggar Kebo Ireng kang dipandhegani dening Bapa Panut. Sanggar Kebo Ireng nggulawenthah lan nglatih para kanoman ing Desa Wadas supaya trampil lan prigel mragakake tarian tradisi antarane tari barong, jaran kepang lan liya-liyane.
Saliyane iku, tari khas Kabupaten Purworeja yaiku Tari Dolalak uga ana lan eksis ing Desa Wadas. Tari dolalak diajarke ing sekolah-sekolah sarana pasinaon ekstra kurikuler lan intra kurikuler mata pelajaran kesenian.
“Saya sering diundang untuk menyaksikan pentas tari dolalak pada saat acara wisuda sekolah. Tari Dolalak juga dipentaskan oleh anak-anak pada saat perayaan HUT Republik Indonesia” Mengkono ngendikane Kepala Desa Wadas kang kaleres garwane AKP Suprihadi, SH Kapolsek Gebang Polres Purworejo.
Tari Dolalak minangka tari peninggalan jaman Walanda sing dimainake para penari lanang utawa wadon nganggo busana prajurit. Tari iki kalebu salah sawijining tarian tradisional khas Purworejo, Jawa Tengah. Jeneng dolalak dijupuk saka "Do" lan "La" wiwitane tarian iki mung diiringi alat musik rong-nada (dua nada).
Miturut sejarah, Tari Dolalak diilhami dening prilaku prajurit Walanda nalika ngaso ing kamp. Ing wektu ngaso mau, tentara Walanda padha pesta karo ngombe-ngombe lan jejogedan. Jejogedan kasebut banjur ditiru dening wong pribumi kanthi nggawe gerakan sing gampang lan bola-bali. Watara taun 1940, Tari Dolalak dikembangake minangka misi agama lan politik kanggo nglawan pasukan Walanda. Tarian iki wiwitane mung digelar ing adicara tertentu kayata syukuran, sunat, lan prayaan. Tari Dolalak biasane kasuguhake ing wayah wengi kanggo meriahake adicara kasebut.
Ing pertunjukan, dhek mbiyen Tari Dolalak mung diiringi acapela wae. Nanging manut ombyaking jaman, tarian iki uga diiringi instrumen musik kayata kendang, terbangan, drum, kecer, lan organ. Saliyane iku, lagu-lagu sing dilantunake kanggo ngiringi pertunjukan uga maneka warna. Diwiwiti kanthi lagu pembuka lagu parikan utawa pantun malah nganti jinis lagu pop, dangdut, lan campursari dilaras miturut gerakane para penari. Syair gending sing dilagukake antarane babagan agama, sindiran sosial, sukacita, katresnan lan sesanti kanggo kabecikaning bebrayan.
Sumber : Wawancara dengan Kepala Desa Wadas, Kecamatan Bener, Kabupaten Purworejo, Jawa Tengah (28/7)
Pustaka : negerikuindonesia.com
Img : Tari Dolalak