Bahasa Ngapak Banyumasan - Jumadi, bocah lanang anake tanggaku, tek arani klebu bocah sing ora duwe melas maring wong tua. Senajan esih cilik, nembe kelas 7 SMP, nanging wis sering nglomboni wong tuane. Gole nglomboni si dudu urusane karo dhuwit, tapi urusane karo panganan. Angger lagi kepengin mangan sing enak, dheweke reka-reka ketempelan setan. Biyunge wong nyatane eman maring anak, weruh anake kejejer-kejejer kaku karo ngromed njaluk panganan enak, ya terus bae dituruti.
Sing tek gumuni, Jumadi kuwe duwe ilmu kaya kuwe sekang ngendi? Apa iloken tiru-tiru pemain ebeg angger lagi dhong padha wuru? Lha rong dina kepungkur, bali sekolah ya dheweke kejejer-kejejer kaku. Ditakoni nang biyunge, dheweke ngaku setan sing tunggu brug nang pinggir sekolahan, sing nginthil Jumadi. Dheweke gelem bali, angger wis dikon madhang lawuh iwak ayam dhadha menthok. Biyunge langsung bae tuku dhadha menthok. Mbareng wis madhang sepiring munjung nganti entong lan antob, Jumadi gole ketempelan setan banjur mari.
Nanging sejeron ngati, suwe-suwe biyunge ngemataken. Masa si setan-satan koh angger nempeli Jumadi isine njaluk panganan enak bae? Lha mulane, bareng mau awan bali sekolah Jumadi polah kaya kuwe maning, biyunge banjur ngati-ngati.
“Kiye ko sapa maning sing nempeli Jumadi?” biyunge Jumadi takon karo nyekeli kenceng tangane anake lanang.
“Inyong setan sing tunggu nang pojok lapangan. Mau dhong lagi olah raga, Jumadi nguyuh nang pinggir lapangan, pas nang cangkemku. Mulane aku ora trima maring Jumadi,” semaure Jumadi karo matane digawe mendelik.
Biyunge kaget! Setan pojok lapangan? Pancen dheweke si wis tau krungu ana wong crita jere ana setan sing tunggu nang pojok lapangan. Tapi apa iya si Jumadi nguyuh seenggon-enggon? Ora sopan temen si Jumadi?
“Terus karepmu kepriwe? Arep njaluk apa?” biyunge Jumadi takon karo esih nyekeli tangane anake lanang.
“Inyong njaluk bakso sing indhil-indhile ana endhoge. Mengko angger wis diwei bakso, inyong gelem bali,” semaure Jumadi karo nggerem-nggerem.
“O ya. Tunggu sedhela ya! Inyong tek tuku bakso dhisit,” biyunge Jumadi semaur banjur marani sing lanang sing lagi nukang batu nang nggone tanggane.
Ora let suwe, biyunge karo bapane Jumadi teka. Jumadi ya esih bae reka-reka kejejeran karo nggerem-nggerem.
“He, Setan! Apa bener ko njaluk bakso sing indhil-indhile ana endhoge?” bapane Jumadi takon karo nyekeli tangane anake lanang sing kaku gedhegreng.
“Iya, bener!” semaure Jumadi.
“Inyong kiye wong ora duwe, Setan! Ora duwe dhuwit nggo tuku bakso sing kaya kuwe. Angger gorengan dhage gelem?”
“Emoh! Sori temen si! Anu cangkemku wis diuyuhi nang Jumadi koh kur arep diwei gorengan dhage. Gorengan dhagene nggo ko bae!,” semaure Jumadi karo sikile gejolan.
Bapane Jumadi ora kurang akal! Karo kemedhep aweh kodhe maring bojone, dheweke banjur ngomong.
“Siki kaya bae, Setan! Angger ko tetep njaluk bakso bae, inyong tetep ora gelem nuruti. Angger ko arep ngamuk, ya ngonoh ngamuk! Inyong ya siap! Ala-ala soten, inyong kiye wis biasa ngadhepi lan ora wedi maring setan. Gendruwo, kuntilanak, wewe gombel, banaspati, pocong, lan liya-liyane, wis biasa tek adhepi. Inyong babar blas ora wedi! Angger ko tetep ora gelem bali, siap-siap bae ko arep tek gebugi karo garan sapu!” bapane Jumadi ngomong kaya kuwe karo nyawel sapu sing semendhe nang tembok.
Krungu bapane ngomong kaya kuwe, Jumadi keweden banjur njenggirat menyat. Bapane terus bae njewer kupinge Jumadi, nganti Jumadi tulung-tulung.
“Dadi bocah aja seneng nglomboni wong tua ya, Jumadi! Wong mangan ya apa anane. Ora kudu sing enak-enak. Ujare bapa-biyungmu kiye wong sugih dhuwit apa?” ujare biyunge Jumadi keton mandan jengkel maring anake lanang..
Karo keyap-keyip Jumadi semaur, “Lha inyong ya kepengin mangan sing enak, Yung! Masa si ndina-ndina ora liya liya-liya kur mangan sega, jangan kangkung, tegean, sambel, lan tahu-tempe utawa krupuk? Jere bapane karo biyunge kepengin inyong dadi bocah sing pinter, sing bijine olih ranking. Lha arep pinter lan olih ranking kepriwe angger ndina-ndina mangane mung kaya kuwe?” semaure Jumadi karo mlengos.
Krungu anake lanang ngomong kaya kuwe, biyunge Jumadi krasa nelangsa pisan. Dheweke terus ngelus-elus dhadha karo ngelapi luh sing nang mata. Karo mbab-mbeb, biyunge Jumadi ngomong,
“Oalah, Kulup! Bisane ndina-ndina biyungmu mung aweh panganan kaya kuwe, sebabe pancen ora nana. Ko ngerti dhewek, bapamu nyambut gawe dadi tukang batu kuwe upahe sepira? Bae ora unggal dina ana wong prentah. Olah-olah kaya kuwe bae toli seringe biyungmu anu gole utang-utang nang warung! Mulane ko gole sekolah sing pinter ya, Kulup! Bapa-biyungmu ndongakena, muga-muga mbesuk uripmu kepenak. Arep mangan apa bae keturutan. Bapa-biyungmu uripe rekasa ora apa-apa. Sing penting anak-anakku mbesuk uripe padha kepenak,” biyunge Jumadi ngomong karo mrebes mili.
Krungu biyunge ngomong kaya kuwe, senalika Jumadi nubruk ngrangkul biyunge karo nangis nggembor-nggembor! Karo ngelus-elus sirahe anake lanang, biyunge Jumadi terus bae luhe dleweran nang pipi. Bapane Jumadi krasa nelangsa pisan, mergane rumangsa ora bisa nyukupi kebutuhane anak lan bojone.*
Dening: Edi Prasetyo, Kepala SMAN 1 Sokaraja, Banyumas.
IMG illustrasi dijewer kupinge : https://pbs.twimg.com/media/B1_P6wsCUAAk7Nx.jpg