Surakarta (28/6), Ing Nagari Astina Prabu Duryudana lagi anggelar pisowanan agung sing dirawuhi Patih Harya Suman, Narpati Basukarna lan Prabu Baladewa. Pisowanan agung mangkono ngrembug babagan cara manunggalake Nagari Pringgodani lan Astina, amargo Nagari Pringgondani lagi gonjang-ganjing karana Prabu Arimba Raja Pringgondani nembe wae mangkat (meninggal dunia).
Kanthi didherekake bala Kurawa, Prabu Karna ditugasi ngrangsang Nagari Pringgodani ananging ana ing tengahing dalan ketemu karo rombongan Prabu Kala Pustaka raja Tunggarana sing nduweni maksud kang pada. Sabanjure rombongan sakarone perang tanding. Rombongan Prabu Kala Pustaka kalah banjur tinggal glanggang.
Ing sawetoro wektu Prabu Yudistira karo kerabat Pandawa uga anggelar pisowanan agung ngembug babagan sapa sing kawogan dadi sulih raja Pringgodani sak pungkure Prabu Arimba mangkat. Raden Arjuna kautus sowan marang khayangan saperlu nyuwun pirsa sapa sing nduweni hak madeg ratu ing Pringgodani, dene Raden Werkudara lan Prabu Kresna tumuju ing Nagari Pringgodani.
Dewi Arimbi lan para kerabat keraton Pringgodani lagi anggelar pisowanan agung ngrembug sopo kang kawogan ngganteni raja ing Pringgodani, dumadakan teka Raden Werkudara, Prabu Kresna lan Raden Arjuna kahiring Batara Narada kang mratelakake ngenani sapa sing kawogan nggateni dadi raja Pringgadani. Ana ing pisowanan kuwi kabeh kerabat sarujuk menawane Raden Gatotkaca kang kawogan dari raja Pringgodani kanti gelar Prabu Kacanegara.
Bala Kurawa teka ana ing nagari Pringgodani, ananging wis telat karana lagi wae dianakake upacara jumenengan Raden Gatotkaca kawisuda madeg ratu ing Pringgodani kanthi gelar Prabu Kacanegara. Kurawa ora bisa nampa, sabanjure kedadeyan paperangan ananging bisa dipisah dening Batara Narada. Pungkasane bala Kurawa kang dipandegani Adipati Karna balik marang nagari Astina. Prabu Kala Pustaka sak prajurite uga teka ing Pringgodani ananging bisa diprantasi dening Raden Werkudara lan putra-putra pandawa. Kanthi jumenenge Raden Gatotkaca madeg ratu, negari Pringgodani pulih dadi ayem tentrem, gemah ripah loh jinawi.
Mengkono mau ringkesan pagelaran wayang kulit sedalu natas dening Dalang Ki Hartanto kanthi mbabar lakon “Jumenengan Pringgodani”. Adicara wayangan mau mapan ing Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Surakarta sing digelar saben malem Jumat Kliwon.
Adicara wayang kulit diwiwiti kanthi upacara pasrah tinampi tokoh wayang Raden Gatotkaca dening Kepala TBJT Djoko Nugroho Witjaksono marang Dalang Ki Hartanto asal saka Pepadi Kabupaten Blora.