CERKAK BANYUMASAN - Rumangsaku, sing jenenge wong urip rekasa, ora kaya dhong jaman inyong esih cilik. Sing jenenge wong mangan, urung mesti sega. Kalan-kalan pancen ya sega. Nanging seringe ya mangan sega jagung, inthil, ciwel, godhogan budin utawa bakaran budin. Pokoke meh kabeh panganan asale sekang budin! Wis kaya kuwe, lawuhe ora liya-liya enthek-enthek godhong budin, jangan lontop, jangan lumbu utawane lompong. Mandangan ana lawuhe sing digoreng, ora liya-liya ya gesek, pethek, utawane tempe bongkrek. Ya bener bae, dhong jaman inyong cilik, meh kabeh bocah rupane padha bongsrak-bangsrek. Jan kaya ora nana sing petha sijia!
Sing jenenge detukokena klambi nang biyunge ya setaun sepisan, angger dhong arep bada thok!. Mangan iwak ayam, kena diarani ya mung setaun sepisan angger lagi bada. Wis kaya kuwe, biyungku gole mbageni iwak ayam maring anak-anake ora liya-liya ya ceker, kiplik utawa sewiwi, rempela, telih, gulu, utawa endhas. Ujare biyungku, inyong kon mangan ceker supayane mbesuk pinter koreh utawane golet pangan. Kon mangan kiplik utawa sewiwi, jere supayane mbesuk teyeng mabur golet pengalaman. Kon mangan telih, jere supayane mbesuk pinter nyimpen utawa nyelengi dhuwit. Kon mangan endhas, supaya mbesuke dadi pemimpin.
Mbuh bener mbuh ora, ujare biyungku lan wong-wong tua jaman semana pancen kaya kuwe. Tapi nyatane, mbareng tek rasak-rasakena, apa sing tek lakoni siki ya ana benere. Gemiyen inyong kon mangan ceker, siki inyong ya duwe pegawean. Inyong dadi guru, unggal wulan nampa bayaran. Wis kaya kuwe, ana tambahan maning dhuwit sertifikasi utawane tunjangan profesi. Ora ngilang-ngilangna, kabeh mau ya sekang pendongane wong tuaku.
Inyong gemiyen kon mangan telih, sikine inyong ya duwe celengan utawa simpenan. Bayaranku saben wulan kena nggo mangan lan nyukupi kebutuhan keluarga, tunjangan profesine tek simpen kena nggo ndaftar kaji. Inyong gemiyen kon mangan endhas, nyatane siki inyong ya dadi kepala sekolah. Senajan kabeh mau mung tiba kebeneran, nanging ana nyatane mbokan?
Tapi inyong jan kemutan bae dhong jaman inyong esih kelas 6 SD. Wektu semana, bapaku wis nyembeleh ayam. Sewise diolahi, nang biyungku terus dibagi-bagi nggo lawuh wong sekeluarga. Inyong wong bocah lanang senengane dolan, nampa bagiane keri. Adhi-adhiku wis mangan kabeh, tapi aku lan bapaku durung. Sedurunge biyungku lunga arep niliki wong duwe bayi, biyungku weling maring inyong.
“Mengko angger ko arep madhang, kae segane nang cething. Lawuhe iwak ayam nang piring. Aja kelalen! Ndhase nggo ko, dhadhane nggo bapane ya!” welinge biyungku. Inyong ya mung manthuk.
Tapi sejeron meneng jane inyong ya kesuh. Masa si selawase inyong kur kon mangani endhas, gulu, telih, rempela, utawa ceker? Sepisan-pisan inyong ya kepengin mangan iwak ayam sing daginge gamol. Apa dhadha menthoke apa pupune. Nanging ora liya-liya, sing jenenge dhadha menthok utawane pupu mesthi nggo bapane. Ujare biyungku, wong bapane sing ngodhe.
Nganti jam siji awan, inyong esih bebeh madhang. Inyong njagong bae karo ngrasa nelangsa. Bapaku mudhun sekang mesjid, weruh inyong esih njagong banjur takon.
“Ko si wis madhang apa durung, Dhi?”
“Dereng, Pa,” semaurku karo keyap-keyip.
“Lha kenang apa si durung madhang? Mbok ana lawuh?” pitakone bapaku karo mereki inyong. “Wis mayuh padha madhang bareng karo inyong!”
Inyong ya manut. Inyong banjur nyidhuk sega. Nanging sewise nyiduk sega, inyong ora njiot lawuh. Terus terang, inyong wis bebeh mangan ndhas ayam. Wis tau lambeku kebeler cucuk ayam koh! Pokoke inyong arep protes! Inyong bebeh mangan ndhas ayam!
“Wis kuwe iwak ayame!” ujare bapaku karo narik piring wadhah iwak ayam. Inyong ya mung meneng bae karo keyap-keyip nelangsa. Weruh inyong meneng bae, bapaku banjur takon.
“Apa ko wis ora doyan iwak ayam?”
“Doyan, Pa. Namung kula pun mboten purun nedhi ndhas!” semaurku karo temungkul. Ora krasa, luhku ana sing temetes sekang mripat.
“O kaya kuwe? Ya uwis angger kaya kuwe ko sing mangan dhadane, inyong tek sing mangan ndhase,” ujare bapaku karo ngelus-elus sirahku.
“Saestu napa, Pa?” inyong njenggirat krasa bungah karo ngelapi luh sing nempel nang pipi.
“Iya, ngonoh! Tapi mengko angger ditakoni biyungmu, ko ngomong mangan ndhas, ya! Mbok biyungmu jengkel!” welinge bapaku.
“Menawi kedah kados niku, aluwung mboten susah mawon, Pa! Kula mboten purun nglomboni. Napa malih kalih biyung! Mengkin si kula dosa!” semaurku karo nyawang bapaku.
Bapaku meneng karo nyawang inyong. Inyong ora ngerti apa sing lagi dipikir nang bapaku. Nanging ora let suwe, bapaku banjur ngomong.
“Ya uwis. Mengko angger biyungmu takon, inyong sing tek ngomong. Nanging angger ora takon, ya dhewek padha meneng bae,” ujare bapaku karo njiot dhadha menthok disogena nang piringku.
Inyong banjur madhang bareng karo bapaku. Inyong jan krasa bungah pisan. Se jeg jumbleg ya inyong nembe tau ngrasakena enake mangan iwak ayam dhadha menthok. Kenang apa nang biyungku dhadha menthoke malah kon nggo bapaku dudu nggo inyong? Saking mboblose inyong gole madhang, ora krasa sega sepiring munjung langsung entong, ora keri seupa-upaa!*
Dening: Edi Prasetyo, Kepala SMAN 1 Sokaraja
Img : http://waroengmbokmarni.com/data/foto_berita/3833KEPALA%20AYAM2.jpg